Menyang kontèn

Wedanta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga
Simbol Hindhu

Wedanta (Sanskerta: वेदान्त; Védānta) yaiku salah sawijining aliran ana ing filsafat Hindhu. Ajaran Wedanta asring uga karan Uttara Mimamsa, amarga ajaran iki neliti sapérangan kitab Weda, yaiku kitab Upanisad. Tembung Wedanta saka tembungwedasya lan antah kang ateges "pungkasaning Weda". Sumber ajaran iki yaiku kitab "Wedantasutra" utawa dikenal uga mawi nama "Brahmasutra". Pelopor ajaran iki yaiku "Maharesi Byasa", utawa kang kawentar kanthi asma Badarayana utawa Krishna Dwaipayana.[1]

Ajaran Wedanta, asring ugi ingaran kanthi tembung "Uttara Mimamsa" inggih punika "panaliten ingkang angka kalih", amargi ajaran punika naliti pérangan Weda, inggih punika Upanisad. Tembung Wedanta Asalipun saking tembung "Vedasya" saha "Antah" ingkang ngemu teges "pungkasan saking Weda". Sumber ajaran punika inggih kitab Wedantasutra utawi ingkang dipunkenal ugi kanthi nama Brahmasutra. Pelopor ajaranipun inggih punika Maharsi Vyasa, utawi dipunkenal ugi kanthi nama Badarayana utawi Krishna Dwipayana.[1]

Wonten kathah sistem ingkang ngrembaka wonten ing Wedanta, ingkang asipat realis, pluralis, monoistis sarta idealis. sadayanipun punika narima Brahman minangka realitas ingkang paling inggil. Punika pérangan-péranganing Wedanta:[1]

  • Sankara, inggih punika sistem "nondualistis", miturut Sankara, Atman sami kaliyan Brahman, inggih punika esensi "subjektivitas" ingkang manunggal kaliyan esensi donya. Donya, sadayanipun gumantung kaliyan Brahman, Nanging Brahman boten gumantung kaliyan donya. Brahman inggih punika dhasar sadaya pengalaman, piyambakipun boten sami kaliyan donya, boten bènten kaliyan donya, boten "empiris", boten "objektif", sanès boten wonten, bènten sanget saking sanèsipun. Moksa utawi pembebasan diri dipuncapai kanthi praktek "devosi" saha mujudaken aji-aji etis. Punika dipuncapai nalika manungsa takdih gesang.[1]
  • Ramanuja, nengenaken bènten wonten ing "non dualisme" Sankara. Donya dhiri, Brahman punika nyata, nanging donya saha dhiri punika gumantung kaliyan Brahman. Dhiri gadha "eksistensi" abadi, donya utawi materi dhiri saha Brahman mbentuk satunggal kesatuan, nanging dhiri saha donya namung minangka badan Brahman. Ing njawi Brahman boten wonten napa-napa. Punika sebabipun Ramanuja dipunsebut "nondualisme" kanthi bèntenipun, inggih punika Brahman gadhah kalih bentuk, dhiri saha materi. Seinggil-inggilipun manungsa ngrealisasikaken dhiri, Brahman taksih langkung inggil. Manungsa kedahngurmati Brahman, punika sebabipun Ramanuja nengenaken aspek kebaktian dhumateng Brahman.[1]
  • Madhava, aliran ingkang ngajaraken bilih donya kaliyan dhiri inggih punika kasunyatan ingkang mardika. Brahman minangka "eksistensi" ingkang abadi, nanging donya kaliyan dhiri gumantung kaliyan Brahman.[1]
  • Pasupata, Sakti saha Pancarata, sadayanipun minangka sekte ingkang dados lawan minangka katandhingaken kaliyan Weda. Wonten ing sistem pancarata, Wisnu sami kaliyan Brahman, nanging atribut-atributipun boten saged nedahaken dhiri tanpa "sakti" ingkang dipunsebut lakhsmi. Sakti punika gadhah aspek inggih punika aktivitas saha dados (activity and becoming).[2].

Manawi sakti punika aktif, kaenem atribut Wisnu memanifestasikaken dhiri wonten ing kawruh, ke-Tuhanan, kemampuan, kekiyatan, karosan, sarta kamulyan. Wonten ing sistem Pasupata (siwa). Siwa, sami kaliyan Brahman wonten ing Upanisad. Hakekatipun inggih punika “aku murni”, tanpa atribut, tanpa katrangan, kesadaran murni.[3].

Waosan langkung kathah

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f [1](dipunundhuh tanggal 29 September 2012)
  2. [2][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 16 November 2012)
  3. [3] Archived 2010-02-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 16 November 2012)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cithakan:Topik Hindhu