Menyang kontèn

'Salem's Lot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

'Salem's Lot iku novèl horor fiksi taun 1975 sing dianggit  Stephen King. Novèl iki minangka novèl angka 2 sing ditulis King. 'Salem's Lot nyaritaaké panulis ajeneng Ben Mears sing mbalik menyang kutha Jerusalem's Lot (utawa singkaté 'Salem's Lot) ing Maine, papan kanggo dhèwèké urip saka umur 9 nganti 13 saperlu nglingkab manawa para résidhèn ing kutha kui malih dadi vampir. Kuthané karan manèh ing carita cekak "Jerusalem's Lot" lan "One for the Road", loro-loroné ana ing koleksi carita King asesirah Night Shift (taun 1978). Novèl iki dinominasi ing World Fantasy Award kanthi Novèl Paling Apik taun 1976,[1] lan ing Locus Award kanthi Novèl Paling Apik Salawasé nalika taun 1987.[2]

Ing rong wawancara sing kepisah, King ngomong nèk 'Salem's Lot dadi novèl favorité. Ing wawancara majalah Playboy taun 1983, pawawancara uga nakoni yèn King arep nggawé sékuèl 'Salem's Lot,[3] nanging King omong yèn dhèwèké ora arep nggawé sékuèl amarga dhèwèké wis nulis novèl seri The Dark Tower mawa sékuèl Wolves of the Calla lan dilanjutaké Song of Susannah.[4]

Rujukan